Selasa, 15 Mei 2018

Jajanan Tradisonal Blendung


                                BLENDUNG
Gambar terkait
             

Blendung iku kelebu jajanan tradisional saka Indramayu, Jawa Barat. Jajanan iki bahan dasare saka jagung sing wes dipucel teruse di godog. Nek ngomongi rasane, blendung iku rasane gurih pokoke enak. Tapi nek bentuke yo ora berubah eseh tetep rupa jagung, nek warnane iku ana sing putih ana juga sing kuning tergantung karo jagunge. Blendung bisa utawa sering ditemukake ning pasar tradisional. Jajanan iki bakal biso ditemokake kapan bae ora pas ono acara tok, sebab blendung iku sekedar jajan pasar tok.
                Cara nggawe blendung iku gampang gampang susah, diomongi angel tapi gampang, diomongi gampang yo angel. Bahan sing perlu disiapke nggo nggawe blendung yaiku 250g jagung garing, banyu kapur secukupe,kelopo sing wes diparut lan wees dicampur uyah. Cara nggawene yaiku, jagung digodog karo banyu kapur tekan mateng tujuan direndem banyu kapur iku ben jagunge amoh. Sakteruse yen wes mateng jagung dikumbah nganti resik. Terus campurake jagung karo kelapa parut seng wes dicampur karo uyah. Blendung pun siap disajike.
                Blendung iku jajanan tradisional peningalan nenek moyang sing perlu dipelihara lan dilestarikake. Dewe kudu bangga ndue panganan tradisional ojo malah mbanggakake panganan luar. Ojo nganti gara gara kelakuane dewe panganan tradisioanal dadi ilang. Tresnani panganan tradisional, yen ono panganan luar mung cicipi wae











By. Alif Farkhatunnisa 
#SMA 1 Kajen Pekalongan






Tidak ada komentar:

Posting Komentar