BLENDUNG
Blendung iku kelebu
jajanan tradisional saka Indramayu, Jawa Barat. Jajanan iki bahan dasare saka
jagung sing wes dipucel teruse di godog. Nek ngomongi rasane, blendung iku
rasane gurih pokoke enak. Tapi nek bentuke yo ora berubah eseh tetep rupa
jagung, nek warnane iku ana sing putih ana juga sing kuning tergantung karo
jagunge. Blendung bisa utawa sering ditemukake ning pasar tradisional. Jajanan
iki bakal biso ditemokake kapan bae ora pas ono acara tok, sebab blendung iku
sekedar jajan pasar tok.
Cara nggawe blendung iku gampang
gampang susah, diomongi angel tapi gampang, diomongi gampang yo angel. Bahan
sing perlu disiapke nggo nggawe blendung yaiku 250g jagung garing, banyu kapur
secukupe,kelopo sing wes diparut lan wees dicampur uyah. Cara nggawene yaiku,
jagung digodog karo banyu kapur tekan mateng tujuan direndem banyu kapur iku
ben jagunge amoh. Sakteruse yen wes mateng jagung dikumbah nganti resik. Terus
campurake jagung karo kelapa parut seng wes dicampur karo uyah. Blendung pun
siap disajike.
Blendung iku jajanan tradisional
peningalan nenek moyang sing perlu dipelihara lan dilestarikake. Dewe kudu
bangga ndue panganan tradisional ojo malah mbanggakake panganan luar. Ojo
nganti gara gara kelakuane dewe panganan tradisioanal dadi ilang. Tresnani
panganan tradisional, yen ono panganan luar mung cicipi wae
By. Alif Farkhatunnisa
#SMA 1 Kajen Pekalongan